歌词
Koyo lagi wingi
Bebarengan nrabas wengi
Gandengan tanganmu
Esemmu nggeter ati
Naliko sirahku
Sumende ono bahumu
Wangine tresnamu
Ora kroso nggubet ati
Wong bagus, atiku tertarik
Lintange melu lirak-lirik
Wong bagus, ojo njiwat-njiwit
Lintange melu mobat-mabit
Nadyan mung sak ketip
Atiku mbok wolak-walik
Lan kenangan kuwi
Soyo pengen tak baleni
♪
Lintang nduwur kuto
Gencar-gencar nggugah crito
Sliramu ning kono
Opo kangen iki kroso?
♪
Lintang pating glebyar
Dadaku soyo gumeser
Drijiku, drijimu, ngeneng crito
Umpomo sliramu
Saiki ono sandingku
Tak aras pipimu
Tak enggo sangu ngimpi
♪
Lintang nduwur kuto
Gencar-gencar nggugah crito
Sliramu ning kono
Opo kangen iki kroso?
♪
Lintang pating glebyar
Dadaku soyo gumeser
Drijiku, drijimu, ngeneng crito
Umpomo sliramu
Saiki ono sandingku
Tak aras pipimu
Tak enggo sangu ngimpi