歌曲 / 歌词

Juru Mino

Listen on Apple Music

歌词

Alon tumiyub angin segoro
Gumricik sworo ombak
Banyu anglerap
Byak-byuk, swarane kayu welak
Kagelar layar megar
Banyu binelah
Wis laju prau nelayan
Ngupoyo sandang pangan
Samudro, segoro, lautan padhang, hm-mm
♪
Sore mangkat ngupadi iwak
Ing tengahing samudro
Kasempyuk ombak
Adoh nilas semah lan anak
Kanthi dungo lan puji
Kalis tanpo balak
Wis laju prau nelayan
Ngupoyo sandang pangan
Langite, lintange, rembulane padhang, uh
♪
Ing pamuji Gusti Allah
Mugi kerso anjangkungi
Ing pamuji Gusti Allah
Mugi kerso angayomi, uh
♪
Adoh nilas semah lan anak
Kanthi dungo lan puji
Kalis tanpo balak
Wis laju prau nelayan
Ngupoyo sandang pangan
Langite, lintange, rembulane padhang, uh
♪
Ing pamuji Gusti Allah
♪
Mugi kerso angayomi
Ing pamuji Gusti Allah
Wo, wo, wo, wo